Kamis, 21 Oktober 2010

Tembang Macapat

Tembang Pocung
Bapak pucung cangkemmu marep mandhuwur
Sabane ing sendhang
Pencokane lambung kering
Prapteng wisma si pucung mutah guwaya
Bapak pucung gedhemu meh podo gunung
Soko tanah plembang
Ngon-ingone sang bupati
Yen lumakso si pucung lembehan grana

Tembang Sinom
Pangéran kang sipat murah
Njurungi kajating dasih
Ingkang temen tinemenan
Pan iku ujaring dalil
Nyatané ana ugi
Iya Kiyageng ing Tarub
Wiwitané nenedha
Tan pedhot tumekèng siwi
Wayah buyut canggah warèngé kang tampa

Tembang Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan néndra
Kaprawiran dèn kaèsthi
Pesunen sariranira
Sudanen dhahar lan guling

Tembang Megatruh
Sigra milir sang gèthèk sinanggga bajul
Kawan dasa kang njagèni
Ing ngajeng miwah ing pungkur
Sinangga ing kanan kèring
Sang gèthèk lampahnya alon


Tembang Dhandhanggula
Éling-éling pra kadang dèn éling
Uripira ing ndonya tan lama
Bebasan mung mampir ngombé
Cinecep nulya wangsul
Mring asalé sangkané nguni
Begja kang wus pana
Sangkan paranipun
Dedalan kang dèn ambah
Mrih rahayu lumampah margi utami
Sejatining kasidan

Tembang Asmarandana
Anjasmara ari mami
Masmirah kulaka warta
Anèng kuta Prabalingga
Prang tanding lan Wurubisma
Kariya slamet wong ayu
Pun kakang pamit palastra

Tembang Mijil
Mijil ing donya siniwi ratri
Kabeh durung katon
Amung anjali soca ing tembé
Lelaku alon siniji-siji
Nunggu mring wartaning
Sesotya satuhu




Tembang Durma
Kae manungsa golek upa angkara
Sesingidan mawuni
Nggawa bandha donya
Mbuwang rasa agama
Nyingkiri sesanti ati
Tan wedi dosa
Tan eling bakal mati
Tembang Pangkur
Sekar Pangkur kang winarna
lelabuhan kang kanggo wong aurip
ala lan becik puniku
prayoga kawruhana
adat waton puniku dipun kadulu
miwa ingkang tatakrama
den keesthi siyang ratri


Tembang Maskumambang

Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis
Sambaté mlas arsa
Luhnya marawayan mili
Gung tinamêng astanira



Tembang Gambuh
Olahraga pu ni ku
Weh kuwating otot lan bebayu
Badan waras datan nate nandhang sakit
Hambut karya bisa sengkut
Datan krasa la mun abot


B. Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

1. Tembang Pocung
* Guru gatra ing tembang pocung ing dhuwur cacahe ana 8 gatra.
* Guru wilangan ing tembang pocung ing dhuwur yaiku :
12, 6, 8, 12, 12, 6, 8, 12
* Guru lagu ing tembang pocung ing dhuwur yaiku :
u, a, i, a, u, a, i, a


2. Tembang Sinom

* Guru gatra ing tembang sinom ing dhuwur cacahe ana 9 gatra
* Guru wilangan ing tembang sinom ing dhuwur yaiku :
8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
* Guru lagu ing tembang sinom ing dhuwur yaiku :
a, i, a, i, i, u a, i, a


3. Tembang Kinanthi

* Guru gatra ing tembang kinanthi ing dhuwur cacahe ana 6 gatra
* Guru wilangan ing tembang kinanthi ing dhuwur yaiku :
8, 8, 8, 8, 8, 8, 8
* Guru lagu ing tembang kinanthi ing dhuwur yaiku :
u, i, a, i, a, i


4. Tembang Megatruh
* Guru gatra ing tembang megatruh ing dhuwur cacahe ana 5 gatra
* Guru wilangan ing tembang megatruh ing dhuwur yaiku :
12, 8, 8, 8, 8
* Guru lagu ing tembang megatruh ing dhuwur yaiku :
u, i, u, i, o

5. Tembang Dhandanggula
* Guru gatra ing tembang Dhandanggula ing dhuwur cacahe ana 10 gatra
* Guru wilangan ing tembang Dhandangula ing dhuwur yaiku :
10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
· Guru lagu ing tembang Dhandanggula ing dhuwur yaiku :
i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a


6. Tembang Asmarandana
* Guru gatra ing tembang Asmarandana ing dhuwur cacahe ana 7 gatra
* Guru wilangan ing tembang Asmarandana ing dhuwur yaiku :
8, 8, 8, 8, 7, 8, 8
· Guru lagu ing tembang Asmarandana ing dhuwur yaiku :
a, i, e, a, a, u, a






7. Tembang Mijil
* Guru gatra ing tembang Mijil ing dhuwur cacahe ana 6 gatra
* Guru wilangan ing tembang Mijil ing dhuwur yaiku :
10, 6, 10, 10, 6, 6
· Guru lagu ing tembang Mijil ing dhuwur yaiku :
i, o, e, i, i ,u

8. Tembang Durma
* Guru gatra ing tembang Durma ing dhuwur cacahe ana 7 gatra
* Guru wilangan ing tembang Durma ing dhuwur yaiku :
12, 7, 6, 7, 8, 5, 7
· Guru lagu ing tembang Durma ing dhuwur yaiku :
a, i, a, a, i, a, i

9. Tembang Pangkur
* Guru gatra ing tembang Pangkur ing dhuwur cacahe ana 7 gatra
* Guru wilangan ing tembang Pangkur ing dhuwur yaiku :
8, 11, 8, 7, 12, 8, 8,
· Guru lagu ing tembang Pangkur ing dhuwur yaiku :
a, i, u, a, u, a, i






10. Tembang Maskumambang
* Guru gatra ing tembang Maskumambang ing dhuwur cacahe ana 4 gatra
* Guru wilangan ing tembang Maskumambang ing dhuwur yaiku :
12, 6, 8, 8
· Guru lagu ing tembang Maskumambang ing dhuwur yaiku :
i, a, i, a, a

11. Tembang Gambuh
* Guru gatra ing tembang Gambuh ing dhuwur cacahe ana 5 gatra
* Guru wilangan ing tembang Gambuh ing dhuwur yaiku :
7, 10, 12, 8, 8
· Guru lagu ing tembang Gambuh ing dhuwur yaiku :
u, u, i, u, o

C. Watake Tembang Macapat

Tembang Asmaradana
* Watake: Sedih, kangen, kingkin
* Gunane: kanggo medharake rasa sedhih, kangen, mesra
* 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
Tembang Dhandhanggula
* Watake : kanggo medharake swasana apa bae
* Gunane : kanggo medharake swasana aba bae
* 10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a

Tembang Pangkur
* Watake : gagah prawira, greged
* Gunane : Paring pitutur kang mawa semangat, nggambarake tresna kang makantar-kantar, utawa swasana perang
* 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Tembang Maskumambang
* Watake: Susah, sedih, trenyuh, kelara-lara
* Gunane : Ngambarake rasa sedih, trenyuh, kelara-lara
* 12i, 6a, 81, 8a
Tembang Megatruh
* Watake: Susah,sedih, karanta-ranta. gela
* Gunane: Nggambarake rasa sedhih, karanta-ranta gela
* 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
Tembang Pocung
* Watake : sakpenake
* Gunane : Medharake rasa sakpenake, katon kurang temenan
* 12u, 6a, 8i, 12a
Tembang Kinanthi
* Watake : seneng, gandrung
* 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Tembang Sinom
* Watake : prasaja
* 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
Tembang Gambuh
* Watake : radi seneng
* 7u, 10u, 12i, 8u, 8o

Tembang Mijil
* Watake : sedih
* 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

Tembang Durma
* Watake : galak
* 12a, 7i, 6a, 7a, 8a, 5a, 7i

Rabu, 20 Oktober 2010

PENSI KE 13 SPENZHADA

tanggal 20 oktober 2010, rapat pertama pensi dimulai, dalam rapat ini,panitia berhasil mendapatkan tema yang pas dari semua usul teman teman, yaitu "SWEET MEMORY", tema ini menceritakan tentang kenangan para teman-teman kelas 9 mulai dari pertama masuk SMP 1, mulai dari test, hingga diterima dan menjalani MOS
tanggal 21 oktober 2010, teman-teman panitia mengadakan rapat untuk melanjutkan pembahasan kemarin, yang dibahas sekarang adalah soal nama. Usul pertama datang dari M.Arif Anugrah kelas 98, dia usul pensi kali ini dengan nama "BATU KENANGAN" , tpi dia tidak bisa menkelaskan apa maksutnya (?). Sedangkan saya sendiri mengusulkan nama "S.C.R.E.AM" ( Sweet CelebRatE of 13th spenzadhA Memory ), dan alhamdulillah nama itu berhasil terpilih setelah bersaing dengna nama lain seperti, BESTIES, STAR CLASSIC, Thirteen Swan, dan unggulan utama "BATU KENANGAN" :D